MENYAN JEPANG

Rèflèksi Dino Kartini

Kartini’s

Mbok menawa akèh para kaum wanita kang wis lali marang anané dina Kartini, apa menèh marang labuh lan labeté sarta perjuangané kanggo ngangkat derajat wanita sakdrajat karo pria. Pancèné émansipasi wanita wis bisa, snajan mbaka saka sithik, mbukak peluang kanggo para wanita mbuktèkaké kabisané yèn ora kalah karo kaum pria.

Wanita pranyata ora mung sakderma dadi kanca wingking thok. Yèn ing jaman mbiyèn panggonané wanita mung ana ing kasur, dapur lan sumur, ing sakmengko kahanan wis luwih maju. Ing jaman kemajuan ngéné wis akèh para wanita kang bisa nggayuh panggonan kang strategis ana ing madyaning papréntahan, kayata dadi mentri, gubernur, bupati, camat nganti tekan lurah. Kemajuan lan kesetaraan pria lan wanita pranyata wis bisa nggawa kemajuan.

Nanging sing kadhangkala ndadèkaké prihatin, tuntutan kemajuan kuwi mau ana sing kebablasen lan ora empan papan. Ora sithik wanita kang merga tuntutan karir njur nglalèkaké jejibahané ing rumah tangga, malah ana sakpérangan wanita kang ngingkari kodraté dhéwé minangka pihak sing paling dominan anggoné nglairaké, ndidhik lan nggulawentah anak, khususé ana ing lingkungan ngomah.

Ora mung kuwi, ing jaman kang sakabèhé diukur nganggo materialisme, bandha, drajat, lan dhuwit, ora sithik wanita kang ngalalaké kabèh cara kanggo nggayuh kamulyan donya. Ing jaman saiki, akèh para prawan kang lila dirabi karo Om-om mung merga ngincer bandhané. Si Om-om kang modhal raja brana kuwi mau, nggunakaké kesugihané kanggo mikut atiné wanita.

Bebasan crita cinta modhal dhengkul, cinta ditolak dukun bertindak. Ing jaman mbiyèn dukun kuwi modhal menyan kanggo ngguna-guna utawa melet wong, ananging saiki wis kalah canggih karo “menyan jepang”. Kang dimaksud “menyan jepang” ora liya kayata honda, susuki, isusu, toyota lan liya-liyané( iki vèrsi tembangé Kang Sony Joss). Ning kuwi mau mung sakpérangan sithik lho…….ora teges kena digebyah uyah tumrapé kabèh kaum wanita.[]

Tentang sangnanang

Diriku hanya seorang hamba yang diperjalankan di malam hari. Diriku hanyalah seorang sudra, serendah-rendahnya manusia sehingga tiada satupun manusia yang sanggup dan mampu untuk merendahkan diriku. Diriku hanya seorang papa tanda punya apa-apa, sehingga diriku tiada pernah merasa kecurian dan kehilangan. Diriku hanyalah sekedar manungso tan keno kiniro, titah sewantah jalma limrah, titahing Kang Maha Endah.
Tulisan ini dipublikasikan di Sarwa Jawa dan tag . Tandai permalink.

16 Respon untuk MENYAN JEPANG

  1. semut ireng berkata:

    Dhoro iku “Dina Kartini” atau “Dino” Kartini?
    pacen wus dadi wulak walike jaman

  2. elmo berkata:

    *puyeng.. waaaaa…ndak ngerti :D

  3. poo berkata:

    Ya setuju ndoro, banyak wanita yang mementingkan karir mlah lupa kewajibannya sebagai istri. Istri ndoro gimana? Hew…..

  4. xero berkata:

    cek betahe nulis nganggo jowoan hehehehe, met kartini buat para wanita!

  5. mikow berkata:

    wah kursus pelajaran bhs jawa tiap jumat malam di bunderan blm sampe tingkat ini, baru bisa yg saru2 aja :)

  6. cewektulen berkata:

    wah, capek baca bahasa jawa

  7. Moes Jum berkata:

    Ndoro … njenengan kuwi cita2ne koq yo luhur sanget nggih? Wanito ingkang kados mekaten radi sesah padosanipun lho. Menopo njenengan sampun pinanggih?

  8. ghatel berkata:

    bondo akeh bojo akeh *halah*.. :D

  9. gambarpacul berkata:

    walah nek soal kesetaraan gender angel kang……bias.!

    tak kiro sing diperjuangkan kartini mung kesamaan pendidikan kang..!

  10. Ndoro Seten berkata:

    @semut irang:
    langsung diralat kang, nuwun koreksine…
    jane pathokan penulisan wandha jejek lan mireng durung ono kesepakatan kang gumathok, klebu naliko Kongres Boso Jawa ing Ngayoja nate dibahas ning tanpo keputusan.

    @elmo:
    puyeng?…obat migren mau?

    @poo:
    yo ada yang begitu, tapi ada juga yang ndak begitu to?
    nek soal mbok wedhok yo jiwo sri kandi je…
    sing penting tansah nurut mituhu marang dhawuhe kang raka.

    @xero:
    sedikit melestarikan sisi budaya jawa je mas…

    @mikow:
    waduuuh…ini mesti didikannya trio perkosa yo?

    @cewektulen:
    mau dipijeti po?

    @moesjum:
    wanito sing pundi to?
    yen wanito sing ideal nggih tidak ada to yo!
    sing penting bisa dididik dan diarahkan menuju kebaikan itu sudah lebih dari cukup jane…

    @ghatel:
    bondo akeh bojo akeh…masalah yo jelas tambah akeh, hayo piye?

    @gambarpacul:
    kesetaraan itu mesti tidak berarati harus sama to?

  11. langit berkata:

    kodratnya wanita itu mengandung,melahirkan dan menyusui..selebihnya kodratnya pembantu :D

  12. Iman Brotoseno berkata:

    menyan jepang ? he he he..

  13. hanggadamai berkata:

    huakakakaka
    cinta ditolak dukun bertindak

  14. sangnanang berkata:

    @langit:
    hmmm…bener juga yo.

    @iman brotoseno:
    saiki kulakan menyan yo larang je…

    @hanggadamai:
    wah pengalam ki ketoke…

  15. za berkata:

    waduuuh, banyak kata yang ga ngerti niiih…itu basa jowo yang asli ya…??

  16. Ndoro Seten berkata:

    @za:
    lha kok sama-sama nggak negrtinya ya?

Tinggalkan Balasan

Alamat surel Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

*

Anda dapat menggunakan tag dan atribut HTML: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>