OJO RUMONGSO BISO!!!
![]()
Saben wong urip saklumrahé mesti nduwèni kepinginan utawa cita-cita. Mbuh sing diarani cita-cita pingin dadi pejabat, tentara, pulisi, pilot, mentri, mantri, bupati lan liya-liyané, utawa sing mung pingin mangan thiwul, gathot, gethuk, lemper, klemet, utawa wajik. Ono menèh sing pingin dadi wong sugih, pinter, suksès ing penggawéan, nduwé bojo ayu nganti nduwé bojo limo.
Jer mengkono para sesepuh wis paring pitutur yèn sakabèhing pepinginan utawa cita-cita kudu disranani ikhtiar lan donga. Ora mung cukup semono, nanging sing kepokok ugo butuh modal. Intiné jer basuki mowo béa, kaya semboyané pemerintah Provinsi Jawa Wétan. Modal kang dimaksud ing kéné ora mesti kudu wujud dhuwit, nanging bisa kepinteran, keprigelan, tali paseduluran, kabar utawa informasi lan akèh conto liyané.
Samengko wong kang nduweni uba rampé modal kang tansaya pepak mesti waé dheweké tansaya nduwé peluang kanggo nggayuh kepinginané utowo cita-citané mau kanthi luwih gampang lan cepet. Ananging senajan sawijing wong wis nglakoni usaha utawa ikhtiar kanthi laku kang bener, trep, lan pas dikatheni kepinteran, disranani modal kang nyukupi, kabeh ikhtiar mau kudu dikonduraké marang Gusti Kang Maha Kuwasa.
Pituturé para sepuh, ojo nganti nggégé mongso utawa ndisiki kersané Pangéran. Jer menungso wajibé mung usaha, déné sing ngabulaké mesti waé Gusti Alloh. Mulo seko kuwi, menungso ora keno rumongso umuk yèn sakabehé mesti bakal klakon dadi kasunyatan kaya opo kang dakarepaké.
Bisoa rumongso ojo rumongso biso. Bisoa ngrasaké yèn menungso mono sejatiné mung titah sewantah jalma lumrah kang tansah kudu gumantung mring Gustiné. Lamun kanthi sifat kang tansah sumèlèh lan sumarah iku wong bakal bisa nglakoni uripé kanthi sakmadya lan ora kemudu kudu tansah kelakon penggayuhé.
Sipat rumongso biso mung ndadèkaké wong kang gedhé ndasé, umuk lan kedawan pengangené malah asringé dadi nglalèkaké Kang Hakaryo Jagad, prasasat banjur nékad ngalalaké sakabehing cara amrih kepinginané bisa kelakon. Mulo ojo kagèt yen njur ono tumindak korupsi, kolusi, lan nepotismé ing jaman kang tansaya édan iki.
Ono conto sawijining konco kang pingin nerusaké pendidikané ing jenjang kang luwih dhuwur. Mesti waé cita-citané kuwi luhur lan mulyo. Ning mesti waé kudu disranani kanthi sinau kang temenan amrih biso lulus ujian saringan utowo seleksi. Ora biso bab iku dilakoni kanthi sembrono kanthi modal roso rumongso biso. Yèn mung roso rumongso biso dadiné sakumpomo biso kasembadan lulus ujian selèksi, wong mau bakalé thukul roso umuk, ananging kosok baliné yen jebul gagal biso waé dhèwèké dadi mutung lan kelaran atiné.
Mulo nggayuh sakabehing pepinginan utowo cita-cita apa waé kudu dilandesi ikhtiar kang temen lan panyuwunan donga marang Kang Maha Kuwoso. Wajibé menungso mung nuntasaké usaha lan donga, sakbanjuré Gusti kang ngijabahi. Landesana urip kanthi sipat waspada lan sak madya. Ojo rumongso biso, nanging bisoa rumongso![]
bahasa jawa nya duuuuhh..
ntar buka kamus dulu..
duh mas, lha aku ki pengen e iso nguntal jagad. wis pie wae carane… pie iki mas?
Wah sampean memang TOP tenan, aku disik bhs jowo iso,
sak iki ora karo karoan.
Wis pokoke tak pasrano.
Apik ketitik olo ketoro, walah,…. Opo iki
Salam Kenal mas karo Panjenengan Sinuwun,
Sepuntene sing katah…
Mugi mugi padang dalane, jembar kubure…. loh lak mblakrak……
Gapunten….
soko wong ndeso pol raiso boso jowo.
sumintar.com
nduwe bojo limo ? opo ra mumet ki
wah klo ini, mesti minta bantu ma ibuku buat ngartiinnya..
nuwun sewu mbah…….
gandheng acaranipun sampun paripurno, acara dipun lajengaken kethoprak basa jawi kanthi lakon Thithite Banaspati…wekekekkeke..
@ulan:
ini memang dalam rangka promosi kamus basa jawa….
laris manis!
@kw:
yo monggo, sugeng dahar mawon!
@petani internet:
sugeng tepang ugi mas…
mugi saged nambah tali pasedherekan ing antawise sesami gesang!
@elys welt:
bojo limo mrongos sedoyo…
hayyo ra tansoyo mumet?
@hanggadamai:
yo mumpung masih ada kamus hidup, pergunakanlah secara optimal…
@windra:
nuwun sewu pripun?
kulo ra nduwe recehan je…;)
@gambar pacul:
wah lakon anyar njiih?
kok dereng nate dipun sayembarakaken tvri?
acara saklajengipun inggih punika….
tlusupan pinanganten putri…
wondene ing ndalu punika Ndoro seten dipun paragani dening Kinanang, Abdi dados banaspati, saha gambar pacul dados dagelan, eeeee kok malah elu2 melu ngethoprak to. Sae Ndoro mangga dipun terusaken malih, Nderek caos tambahing kekiatan, suwun.
@abdee:
bukane tlusuban kreta roda papat wujud menungso kabeh?
@ngabehi km:
matur nuwun donga panjurungipun kang…
pituture mas Sangnanang pancene oye ,
pripun mas menawai pituture dijlentrehke luwih jero lan gamblang ben kulo lan para sedulur kabeh iki bener2 bisa rumongso lan ben ora rumongso bisa bae teko saiki.
@paculkethul:
njiih kapan-kapan disambung malih kang…
sugeng dahar donya…….waduh………..lha mengke kulo kathut kepangan noo…..
mas sae tenan niki blogke..
wis mataun-taun neng tlatah sebrang segoro, adoh soko kabudayan jowo seng lumrahe kentel marang wong seng kang urep neng tanah jowo, aku nemoni pitutur pinisepuh koyo mengkono. Gawe tentremeng ati,sumelehing urep marang kang gawe urep…
Ojo Rumongso Biso, Nanging kudu biso Rumongso
rumongso biso iku sifat kan banget-banget ndadekake manungsa ora gelem meneh nagsu kawruh marang sak padha-padha.
Mentang-mentang sarjana, terus nganggep wong lulusan SD iku bodho. Padahal gelar sarjanane saka asile tuku. Yen ndheleng menjaba… akeh uga lulusan SD sing sukses dadi pengusah, malah pegawaine/plekathike/kacunge lulusan sarjana.
Mentang-mentang wis sugih bandha, terus nganggep wing sing rung nduwe iku bodho. padahal bandha sing di duweni iku dudu saka kapinterane, mung saka warisane wong tuwa.
lan sakpanunggalane.
Dadi rumangsa bisa iku ndadekake manungsa ora gelem maneh meningkatkan diri
Makna ningkatke diri
Ing sakjroning kitab suci Al-Qur’an disebutake menawa jin lan manungsa diciptakake ora ana liya kejaba kanggo ngibadah ?
Ngibadah sing kepriye ? Toh malaikat ing babagan ngibadah ora kalah genture dibanding Jin utawa manungsa.
Kok ora disebutake : Manawa malaikat lan malaikat di ciptakake ora ana liya kejaba kanggo ngibadah.
*ono candake ….
Sak gentur-genture malaikat ngibadah, ing sak ngarepe Gusti Allah nilaine padha wae. soale ngibadahe malaikat iku monoton.
Yen sakmilyar taun kepungkur malaikat iku sujud ping 1000 sabendinane. Mengkono uga taun iki, sujude malaikat iku iya kaping 1000 sabendinane. Mengkono uga tahun mbesuk, iya tetep kaping 1000 sabendinane. Mbuh ana bledheg liwat utawa angin ribut, digethok sirahe, ya sak mono iku sujude malaikat, ora isa kurang ora isa luwih. MONOTON!.
Kenapa malaikat sanggup mengkono ?
Mergo malaikat ora nduweni karep, ora nduweni sifat “bisa rumangsa”…. saengga mbok ya’a nduweni kekuatan sing ngedab-edabi, nanging kekuatane ora isa ningkat saben wektune. Yen kekuatane 1000 watt, tekan kiamat uga tetep 1000 watt.
Yen koyo mengkono, MONOTON, kira-kira mboseni opo ora tumrape Dzat sing nduwe karep.
Beda karo jin lan manungsa, daya lan kekuwatane digawe munggah – medun. Kala-kala munggah… kala-kala medun…, kala-kala soleh… kala-kala keblinger, kala-kala alim… kala-kala urakan, kala-kala amem … kala-kala pencilakan,
dadi dinamis, ora mboseni.
“Dzat nduwe karep” sing nyawang jalma dinamis kaya mengkono iku iya ora bakal bosen-bosene “gumuyu”.
candake kaca sakdurunge…
dadi kaluwihane jin lan manungsa iku ora marang akehe olehe sujud, ora merga akeh sithik’e ngibadah, ananging merga kualitas dinamika ibadahe.
manteb tenan pituture penjenengan
matur nuwun bro….