MENTAL KORUP

GUPAK PULUT ORA KUMANAN NANGKANE

Bagong

Perkoro ini jane dudu dadi tanggung jawabe Bawor. Ananging merga akeh para koncone Bawor kang melu urunan dhuwit sakperlu modhal usaha bebarengan mergo bujukane Bawor, gelem ora gelem koncone padha njaluk pertanggung jawabane marang Bawor. “Edan tenanan ki, aku mung sakdermo nglantarke, e mbasan ana perkoro dhuwit sing mabur, lha kok malah aku sing entuk pulute”, mengkono batine Bawor.

Sakjane awit awal Bawor lan kanca liya nduweni gagasan kanggo gawe usaha barengan kanthi cara melu tender proyek ing instansi-instansi gedhe, kayata Pemda-pemda, PLN, Pertamina, PU ugo Indonesia Power. Mulo seka kuwi modhal sing dibutuhake yo ara cukup setithik. Sakbanjure Bawor ditugasake nglumpukake modhal kanthi urunan seko konco-kancane kang sakmengko dibagi hasile. Mergo niat kang apik lan tulus, mulo akeh para kanca kang nyengkuyung anane gagasan mau. Tur mbok menowo usaha mau bisa kanggo srana ngraketake anggone kekancan lan bisa ngipuk rasa gotong royong.

Njur seko kono, para kanca sithik mbaka sithik pada urunan dhuwit kanggo modal usaha bebarengan iku mau. Ora nyana pancen jebul isih kandel rasa pasedulurane para kanca mau. Ono sing melu urun limang yuta, telung yuta, sepuluh yuta, malah ono sing wani seket yuta. Dadine modal kang nglumpuk yo dadi lumayan akeh.

Para kanca mau padha semangat, kejaba amerga tali kekancan, uga mergo janji bagi asil kang dijanjekake lumayan gedhe, yaiku kisaran pitu setengah tekan sepuluh persen. Lumayan, tinimbang dhuwit sithik mogok ning bank, bisa murakabi nulung kanca, mengkono akehe pikirane para kanca.

Ing proyek-proyek kang awal dimenangi tendere, kahanan duwit lancar. Kabeh modal sing ditandur lan imbalan bagi hasile bisa dibayarake kanthi tepat wektu kaya kang sing disepakati dening pihak kang nandur duwit lan penguruse usaha. Proyek siji, loro, telu lan papat lancar terus, tanpa ana bab kang nyalawadhi.

Ananging tekan proyek kang kalima, wis lekas ono bab kang ora jelas. Ing wektu iki akeh tanggal janji kanggo mbalekake modal lan persenane kang mundur. Alasan pisan jare seko PTne isih durung transfer balik. Njur ana alasan jare ana mis komunikasi antarane PT ing pusat lan pelaksanane ing dhaerah. Lha lak para kanca banjur padha takon marang Bawor, kang wiwit seko awal pancen pinercoyo dadi penghubunge para kanca.

Saben-saben teko sms utawa telpon, Bawor tansaya bingung lan goreh atine. Bab iki amarga Bawor dhewe jane yo ora ngerti urusan playune dhuwit mau. Bawor mung biasa nglumpukake dhuwit banjur disetorake marang manajere. Pecas ndahe sirahe Bawor saya suwe mikir bab iku. Deweke dadi rumangsa kena teror seko konco-kancane dhewe. Meneh-meneh dhuwit kang dinggo proyek sing keri iki lumayan gedhe, nganti ana yen wulungatusan yuta. Wealah…..

Sakjane Bawor wis tansah nakoke telate dhuwit bali iku marang manajere. Wis ora kurang lan bosene deweke nakokake lan nanjehke perkoro kuwi. Ning jawab manajer tansah mbulet kakehan alasan kang tansaya ora jelas jluntrungane. Saya suwe malah manajere saya angel golekane. Ditelpon ora njawab, di-sms meneng wae, njur akhire malah ngilang tanpa pamit.

“Wealah bapa biyung, genah dosaku ki opo? Aku dadi wong tansah ajar dadi wong jujur lan tansah percoyo karo koncoku dhewe, lha kok malah ngene kedadeane”, grundele Bawor. Mergo suwe tansaya suwe bunek pikire mikir perkoro iku, Bawor dadi tambah bingung lan nganti kaya wis kentekan akal.

Ing kahanan kang saya bingung kuwi, Bawor ketemu karo Precil. Bawor banjur dikandani supaya njaluk tulung karo wong pinter kanggo nggoleki manajere lan mburu ana ngendi playune duwit. Sakbanjure Bawor menyang erenge Gunung Sindoro kanggo nemoni Ki Juru Temu, kaya kang diusulke Precil.

Tumeka ing padhepokane Ki Juru Temu, Bawor langsung ngadhep lan crita kahanan kang lagi dadi tanggungane. MbahDukun banjur komat-kamit maca mantra, ngobong menyan,ngemu banyu kendhi, njur……..byuuur krasa-krasa Bawor wis kena semburane mbah Dukun. “Jabang bayi, ambune ababe mbah Dukun”, batine Bawor.

Ning kabeh mau wis dadi tekade Bawor amrih bisa ketemu manajere lan mbalekake duwite kancane. Kepriye wae kabeh ihtiar kudu dilakoni. Seminggu nganti ngancik wektu setengah sasi, jebul durung katon kasiate semburane mbah Dukun. Bawor tambah goreh atine, tambah was lan sumelang mergo para kanca terus wae le nakonake baline duwit.

Sakwijine sore bubaran sholat Maghrib ing mesjid cedhak ngomah, Bawor didangu karo Kiai Sholeh kang dadi kaum ing desane. “Wor, tak sawang kok katon suntrut prainanmu, ono masalah opo? Biyungmu wis nate crita marang aku, jare ditinggal mlayu juraganmu sak dhuwite kanca-kancamu yo?, mengkono pitakone Kiai Sholeh. “Nggih leres Pak”, semaure Bawor lesu. “Lajeng kula kedah pripun to Pak? Kula niku estu mboten ngertos teng pundi juragan kula lan kula estu mboten melu mangan dhuwite kanca-kanca niku je, ning kok malah kula sing angsal pulute.” kandhane Bawor sakbanjure.

“Ngene wae Wor, kowe tak ajak sowan Mbah Kiai Makmur ing Kajoran gelem po? Sopo ngerti deweke iso ngihtiarke lan nglantari pepadhang marang perkaramu iku, piye?”, pitakone Kiai Sholeh. “O nggih kula ndherek kerso njenengan mawon Kiai”, semaure Bawor kaya entuk dalan anyar.

Ing dina Setu Paing Bawor lan Kiai Sholeh sowan Mbah Kiai Makmur Kajoran. Tekan nggone si Bawor banjur langsung crita perkoro reribet kang dadi tanggungane. Sakbanjure Mbah Kiai Makmur ngajak wong sakloron supaya maca surat Yasiin, maca dzikir sak tahlile lan ndonga bebarengan. Bubar kuwi Mbah Kiai Makmur terus paring sabdo, “Le kowe mangkato menyang Mbah Rowo, golekana deso Sawo Pethek gang Mermut, ning kowe lunga kono karo sisan ngajak pulisi yo!” “Nggih Mbah Kiai”, jawabe Bawor mantep kaya lagi bar entuk wahyu makutharama.

Temenan dhawuhe Kiai Makmur ditindake, lan jebul tenan manajere kang mangan nangka ninggal pulut mring Bawor bisa ditemokake ing ngomahe bojo nome. Sang manajer banjur karangket dening pulisi kanthi tuduhan mlayokake duwite liyan. Sakbanjure playon mau ditahan ing kantor Polres Ungaran. Bawor lan kancane isih wira-wiri dipreksa dadi saksi. Bawor lagi ngerti yen wong sing tansah dipercoyo sakdurunge jebul mung durjana mental korup kang ngrugeni liyan.

Senajan dhuwite para kanca durung bisa bali, nanging paling ora Bawor wis bisa mbuktekake yen deweke tetep jujur lan sing ngorupsi duwit proyek ora liya yo manajere dhewe. Nanging senajan mengkono Bawor tetep njaluk ngapura marang kanca-kancane kang wis kapusan duwite lan terus mbudidaya nutupi utang mau kanthi nyairake aset perusahaan kang awujud lemah pekarangan ing Salatiga kanthi persetujuane para manajer liyane.

Mengkono mugo menungso tansah waspada lang ngati-ati ngenehake kapercayane senajan karo wong kang wis dikenal apik.[]

Tentang sangnanang

Diriku hanya seorang hamba yang diperjalankan di malam hari. Diriku hanyalah seorang sudra, serendah-rendahnya manusia sehingga tiada satupun manusia yang sanggup dan mampu untuk merendahkan diriku. Diriku hanya seorang papa tanda punya apa-apa, sehingga diriku tiada pernah merasa kecurian dan kehilangan. Diriku hanyalah sekedar manungso tan keno kiniro, titah sewantah jalma limrah, titahing Kang Maha Endah.
Tulisan ini dipublikasikan di Sarwa Jawa dan tag . Tandai permalink.

22 Respon untuk MENTAL KORUP

  1. eko berkata:

    terjemahe piye kang? :-)

  2. laporan berkata:

    Koyok bisnis LML yo pak, podo kapusan keno iming-iming. Bawor panjen sial heheheh, ora melu mangan tapi keno tuduhan :mrgreen:

  3. Mahmud berkata:

    Mboten ngertos Kulo Kang.

  4. nasori berkata:

    wah uapik tenan ceritane,koyok ndeleng memori ing mburi nang uripku kang..alhamdulillah saiki wonge wes di tangkep..lah nasabahku duite diplayoke 600 yuta je..durung nasabah2 liyane..total kerugian iku onok 6M,iku ae mung ing wilayah semarang..padahal cabang perusahaan mau ono ing 5 kuto..lha kok malah curhat ngene..qqqqq..siji seng ta cekel…sopo salah mesti seleh..!!!

  5. AriefDJ™ berkata:

    Niku kuwi sanes korupsi, nanging ‘penggelapan’ utawi ‘penipuan’.. ning dukho nggih upami korupsi ing boso njawi di-definisi-kan seperti kisah kuwi di-atas.. ( maap, bhs jawa q masih bélepotan ).. :D

  6. meme berkata:

    waduhhh.. bahasa jowo. jane yo wong jowo tapi bacane kok yo mumet

  7. edratna berkata:

    Berarti Mbah Kiai Makmur Kajoran memang sakti ya….

  8. mlandhing berkata:

    ndak tenanan di-kyaikan bisa ya?

  9. Tukang Nggunem berkata:

    lha kuwi…mulakno ojo nyah-nyoh wae senajan ro wong sing wes suwe kenal…amargo jamane saiki wes jaman edan, akeh menungso sing podho tumindak olo, ora pandang bulu, konco po keluarga dewe yo tetep di sikat…aku yo duwe pengalaman pribadi babagan kuwi mas…mugo2 awake dewe kabeh do dislametake seko tumindak2 kang ora becik mengkono…weleh…dadi koyo pelajaran boso jowo pas aku SMP biyen…hehehehe

  10. gempur berkata:

    hehehehehehe… ra mudheng bahasane mas! maklum, wong jowo lali jawane……

  11. mysepty berkata:

    wah, mesakke tenan… ning jaman saiki cen akeh apus2an ngono yo? kudu ngati-ati yen percoyo karo wong liyo…

    apik tenan ‘postingan’e dadi kelingan jaman sd diwulang boso jowo :)

  12. easy berkata:

    mboten ngertos..
    tapi mampir deh walo ga ngerti artinya hihihi.. *keinget Eyang di jogja yang ga bisa berbahasa indonesia*

  13. Mufti AM berkata:

    Sedulur yo sedulur, konco yo konco, nanging bab dhuwit mengko dhisik. Trima gupak nangka ora komanan pulute, sing paling puenak. Balane rekasa yo wis ben wae…

  14. Ndoro Seten berkata:

    @eko:
    we’eh…kudu buka KBBI dulu kalau mau nranslet ke bahasa Indonesia,

    @laporan:
    wong bodho pancen dipangan wong pinter mas…

    @mahmud:
    mboten dados nopo mas alias it’s OK…

    @nasori:
    mugo bisa ngambil hikmahnya kang!

    @arifdj:
    njiih duka njiih basa Jawane Korupsi, kulo ya nggak begitu paham sastra je…

    @meme:
    mumet?….yo mixagrip po?

    @endratna:
    we….kepripun to?
    Kiai jare!

    @mlandhing:
    yo namane ihtiarnya si Bawor…

    @tukang nggunem:
    sama-sama belajar dari pengalaman to…

    @gempur:
    lha nek gempur itu artine opo mas?

    @mysepty:
    sak begjo-begjane wong kang lali pancen isih luwih begja wong kang eling lawan waspada…..ya to?

    @easy:
    lha gene keng Eyang saking Yoja…

    @mufty am:
    leres sanget niku mas….
    urusan dhuwit kudu ngati-ati lan memet, mergo salah-salah bisa bubar pasedulurane, nggih to?

  15. latree berkata:

    mesakke bawor…
    lha tujune menejere ketemu, wong pintere pinter tenan…
    pancen kudu ngati-ati, perkara dhuwit, perkara ati…
    aja nganti kesengsem ing lambe kang lamis…

  16. Yulis berkata:

    Ngaturaken sugeng tepang, Ndoro Seten kulo Yulis, aslinipun saking Maospati, Magetan. Wah dalem remen sanget penjenenganipun sampun kerso ngendangi blog dalem wonten Colorado. Tulisan panjenengan wah jempol… pol… pol. Bapak kalian Ibu dalem remen maos “Penyebar Semangat”, “Joyo Boyo” kalian reader digges utawi intisari. Menawi panjenengan mboten kaweratan dalem lebetaken blogroll ngih blogipun?, kersane nyambung silaturahmi.

    Bawor priyayi ingkang jujur, Gusti Allah mboten badhe ningalaken panjenenganipun Bawor. “Becik ketitik Ala ketoro” menika sampun dados undang undangipun Gusti Allah.

    Matur sembah nuwun Ndore Seten. Dalem nyuwun pamit badhe mampir maleh sanes wekdal.

  17. rizoa berkata:

    wew… tahun ini baru kali ini nemuin postingan boso jowo…huaa… keren euy…. walopun nggak dunk :)

  18. tomy berkata:

    perkara korupsi ora kena welas tanpa alis, paribasan pundake dewe yen marahi korupsi ya kudu dipothel tenan

  19. Ndoro Seten berkata:

    @latree:
    ealah, wong saiki pancen akeh sing lamis lambene je…
    mulo ojo gampang janji wong manis,
    yen to amung lamis,
    becik aluwung prasojo nimas,
    ora agawe cuwo….

    @mbak yulies:
    matur nuwun saking rawuhipun mbak, kulo njih gadhah rencang Maospati sakcaketipun lapangan kecamatan lho…
    pancen owah-owahaning paugeran jaman mboten badhe saged ngingkari hukumipun Allah SWT.

    @rizoa:
    yo sekedar untuk tombi kangen dengan kampung halaman mas/..

    @tomy:
    wah leres niku kang!
    kedah dipun tegasi pancen…

  20. anston berkata:

    Cerito opo pengalamane dewe mas

  21. I would like to thank you for the efforts you’ve put in writing this site. I am hoping the same high-grade blog post from you in the upcoming as well. Actually your creative writing skills has encouraged me to get my own web site now. Really the blogging is spreading its wings quickly. Your write up is a great example of it. l1 visa requirements

  22. ??? berkata:

    Many thanks for taking this chance to mention this, Personally i think strongly over it and I take advantage of garden greenhouse structures this subject. If at all, as you gain data, please update this site with new information. I’ve discovered it extremely useful.

Tinggalkan Balasan

Alamat surel Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

*

Anda dapat menggunakan tag dan atribut HTML: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>