
Lagi iki ono blogger menehi ingsun PR. Genduk Indah ing tlatah Kajoran kang wus nerak sarak iku. Yo wis PR-mu tak tampa kanthi lega lila Nduk.

Angka 1# Bab asal usul…
Sing duwe penemu ada-ada anane komunitas blogger Megelang iku cah akeh, ono Kang Ciwir, Mas Eko Suroboyo, Kang Ikhsan, trus Mas Hanfi. Mas Eko malah ngusulke gawe mailist dhisik kanggo wadah komunikasi. Ndilalah ngepasi preinan Imlek aku mudik Megelang. Kontak kiwo tengen, direspon Mas Ikhsan sing ugo mudik seko Sukabumi, ditambah Kang Ciwir. Jane Mas Hanafi yo niat gabung, ning malah ono kerja bakti. Dadine wong telu pepanggihan ing nDalem Peniten. Kurang luwih sesasi sakdurunge, jane Kang Ciwir wis nate kopdaran “berduaan” karo Diajeng Emo ing malem minggu kang peteng ning pojokan Alun-alun.
Bar kuwi aku nulis reportase kopdaran, tak kei judul Kopdar Pendekar Tidar. Njur ujug-ujug Kang Ciwir ngirimi aku logo Pendekar Tidar, sisan ngumumke yen wis gawe mailist Pendekar Tidar. Ngono asal-usule……
Angka2# kesan pertama….
Kesan pertama begitu menggoda, selanjutnya…..terserah anda!
Pas kopdaran sakbacuti tak bayangke sing teko nambah loro opo telu, tak pikir wis lumayan. 10 April 2009, esuk-esuk jebul wis akeh sms lan telpon kang ngontak aku. Ono Zulfi, Mas Hanafi, Emo lan liyane. Sing lucu ono kanco blogger aku jenenge Indah(tak kiro wis ibuk-ibuk), takon ruwet kae…”Acara launchinge jam pinten?Agendane nopo?Panggunge mbek ndi?Lha niko ono acara HUT Megelang, nopo ora diudur acarane, dll”
Ning intine kopdaran lanjut, ndompleng acara HUT Mgl. Jam sepuluh aku nunggu ning ringin tengah, wis akeh wong ning do nonton tontonan. Lha iki sing blogger sing ndi? Aku dadi bingung. Untunge seko ngomah wis sangu tulisan “BLOGGER”, njur tak pasang! Lumayan njut nyedhak Nahdhi ro Eko, bar kuwi njur Mas Hanafi teko, disusul Yudho. Rehdene kahanan ringin tengah panas, jagongane pindah pinggir, lesehan ning Suket. Njur konco-konco liyane do teko…..nganti total jendral ono limo las bergodo.
Angka3#Motovasi….
Yo idep-idep nglumpuke balung pisah, nambah sedulur lan sanak kadang. mBok menowo ono guno paedahe tumrap khususe jagad Megelang, syukur sak indenging Nuswantara.
Angka4#Harapan….
Mugo ae tambah akeh sedulur sing gabung, dadi berkah le do seduluran nganti kaken-kaken lan ninen-ninen. Iso dadi manfangati kanggo Hamemayu Hayuning Bawono.
Prakaryan diterusake nggo:
1. Mas Hanafi
2. Yudho
3. Mas Ikhsan
puancen seru nek rame – rame
mantap banget Ndoro
gek ngerti nek Ndoro Seten iso boso Jowo
Wah kang. PRe nganggo basa Indonesia le mangsuli nganggo basa Jawa. Salah kabeh kuwi nek ujian Nasional.
Banner magelang goblog wis ganti maneh kiy? Trus proposalE ganti ra? ModulE menyesuaikan ra?
mugiyo dados pepenget kito sedoyo, ing Blogger Pendekar Tidar.
ahahha, itu emo cewek sendirian
suwun ndoro…PRnya
lho saya mendelegasi ke jenengan kok,ndadakno sudah ada…. wis ngelu 3X
kapan kopdar maneh..?
neng nggonku ae gak popo…
kadosipun kulo mboten panti ngertos bahasanipun tapi kulo salut dumateng blog niki amergi wonten ke khasanipun ,inggih puniko ngangge bahasa salah suwijing budaya kito, bahasa jowo.
Wah koyone acarane seger-sueger ki…ono diajeng2nge rak kang? cah muntilan do teko orak?
aku kok dadi pengen banget melu kopdar yo. tapi urusan pekerjaan ra iso ditinggal je
kulo nuwun ndorro, nderek langkung…!wahhh uwasikk nek kupdar2 kulo niki tiang muntilan…kapan maleh insya alloh kulo tumut nggihhh
kang…. bannerE kurang gede. aq wingi bar gawe yoan tapi konsepE niru nggn panjenengan.
@ciput:
yoi…makane ikutan gabung yuk sekali-kali!
@masoglek:
weit…ngece ki!
lha kapan-kapan kopdarnya kan bisa dipaskan jam libur sampeyan dab.
@mas eko:
lha makanya harus selalu ingat kampung halaman nggih mas…kapan kodur Mgl?
@antown:
lha lainnya sudah mbolos duluan je kang
@ikhsan:
ditunggu garapannya mas…
@kang ciwir:
lha hayok…paling preinan Isro’ Mi’roj po kang?
@khoirul huda:
ya biar nggak dibilang kacang lupa kulitnya to yo!
@Oelil:
Ooo nek soal para Diajeng yang gabung banyak kok…
kebetulan arek Mtl dsk belum nongol ki
@riyan:
monggo, dengan senang hati kita tunggu lho…
@nahdhi:
untunge iki dudu UAN, he…
bannere ora saling menggantkan, tapi saling melengkapi, biarkan kreativitas senantiasa mengalir apa adanya….
makin banyak bermunculan banner, makin banyak pilihan dan variasi, ben ora mboseni lan semarak lah…
Lha dicoba ae variasi ukurane, monggo wae
kang nanang.. maturnuwun.. *bingung..susah berkata2 dlm bahasa krama inggil…
bagus..
saya kasih nilai A dehh, heheheh
agunging pangapunten dereng saget nglampahi jejibahan nindakaaken pakaryan ingkang sampung jenengan dawuhaken dumateng kawulo ndoro…
kapan-kapan insya 4jjl nggih….
btw anwy… sy besok saya pesen keycode yang nggak nyindir saya bisa gak? hehehehehe ya kalo nyindir sih ya misal ‘tomcruise’ ato ‘teukuryan’ gitu lak asik to ndoro