Nyadran

NYADRAN LAN LELUHUR

Dening: Rama Sutadi – Ketua Pepadi Jawa Tengah

nyadran1nyadran2 Leluhur padha karo luhur-luhur, yaiku kang ana ing dhuwur-dhuwur. Ana sing nyebut, para eyang sing wis seda utawa surud ing kasedan jati. Wong Jawa uga ana sing nyebut, para eyang sing wis kondur ana ing tepet suci, lokabaka utawa alam kelanggengan.

Ing tlatah Surakarta uga ana sing nyebut eyang sing wis suwargi, amarga percaya menawa arwah eyange wis munggah ana ing suwarga. Tradisi nyadran tumrap wong Jawa dianggep perlu lan  penting. Umume ditindakake ing sasi Ruwah(saka tembung Arab arwah), sepuluh dina sakdurunge ngibadah pasa, akeh kang padha nyekar para leluhur.

Tradisi Jawa pancen unik,  nduweni ngelmu sing menehi pepeling marang anak(putu) supaya ngerti marang leluhur. Anak dikekudhang supaya ngerti bapa biyung sing ngukir jiwa ragane. Sabanjure digulawenthah supaya ngerti marang mula bukane wiwit mbah, mbah buyut, canggah, wareng, lan sapendhuwure. Ana sesebutan liyane supaya anak putu ngerti silisilahe.

Sawise ngerti, diweling supaya dipepundhi, amarga kabeh mau pepundhene. Ing sasi ruwah iki akeh pepundhen kang disowani lan diresiki. Nyadran tumrap wong Jawa dianggep wigati, amarga ana bab kang sambung karo tradisi spiritual. Istilah tradisi, muola bukane saka tembung latin tradere utawa traditio(basa mancane transit, handing down), tegese ” maringake saka ndhuwur”. Sing diparingake babagan kang nduweni nilai kang adi(luhur, luhung).

Tumurune bab kang adi mau ana sing wujud piwulang(ajaran, doktrin) religi, nanging uga ana kang awujud piwulang metafisika. Ana ing jagad Kejawen, akaeh banget tradisi sing ana sambung rakete karo slametan. Cliffort Geertz, sing nulis buku Abangan, Santri, Priyayi dalam Masyarakat Jawa, gamblang anggone ngandharake bab slametan ing masyarakat Jawa. Akeh banget tata cara slametan sing dianake ing tlatah pradesan Mojokutho(Pare) Jawa Timur. Tradisi sing gegayutan karo slametan lan leluhur uga dijlentrehake dening Koentjoroningrat ing bukune Kabudayan Jawa. Masyarakat singngrasuk paham(teologi) Jawa padha nindakake upacara nyadran ing sasi Ruwah supaya padha ora lali marang asal-usule.

Rama Sudi Yatmana kanthi pratitis nyebut tilik kubur, besrik kubur, resik kubur, kirim donga, slametan, memule utawa nyandi, ruwahan, ziarah, misa arwah, ngesur tanah, nelung dina, mitung dina, matang puluh, nyatus, mendhak pisan, mendhak pindho, nyewu, khol, lan sapiturute. Kajaba saka iku, uga nyebut upacara sraddha minangka pengetan sedane Gayatri dening Prabu Hayam Wuruk ing taun 1362. PJ Zoetmulder anan ing buku Kalangwan uga nyritakake bab upacara  sraddha kanggo mengeti sedane Tribhuwana Tungga Dewi taun 1350. Upacara sraddha minangka pengetan raja-raja sing wis puput yuswa uga sinebut ing kidung Banawa Sekar, nganggo ubarampe wujud baita(prau) sing digawe saka kembang(puspa, sekar).

Ya amarga saka upacara iku, sing diarani nyadran saka tembung sraddha, nyraddha, nyraddhan, terus dadi nyadran. Tradisi upacara nyadran ora bisa pisah karo kembang(mawar, kenanga, mlati lan liya-liyane). Tradisi nyadran pranyata wis lumaku wiwit jaman Majapahit nganti saiki. Pakurmatan kanggo leluhur isih lestari tekan saiki lan dipepetri dening masyarakat ing tlatah padesan.

Babagan tilik kubur utawa ziarah pancen dipratelakake ana ing agama Islam supaya padha kelingan bab pati. Bab pati ana sesambungane karo bab urip sing ora suwe. Paribasane kaya wong mampir ngombe. Mula ana tembang Dhandanggula sing muni: Sanepane wong urip puniki, aneng ndonya iku umpamanya, mung kaya wong mampir ngombe, umpama manuk mabur, lepas saking kurunganeki, pundi mencoking benjang, aja kongsi kleru, umpama wong njan sinanjan, ora wurung mesthi bali mulih, mring asal kamulanya. Pungkasane, nyadran iku ngluhurake leluhur kang tundhone supaya eling lan manembah marang Kang Maha Luhur.

Intine rembug, sakabehing titah kudu tansah mbekteni marang leluhur, snajan wis mapan ing alam kelanggengan. Salah sawijining amalan kang ora pedhot ganjarane yaiku dongane anak putu kang sholeh lan sholehah marang bapa ibu lan para leluhur. Dadi ora teges anak putu nyembah marang arwahe para leluhur, ananging ndongakake supaya arwahe para leleuhur kapapanake ing papan kang mulya ing sandhinge Gusti. Bektine anak kudu mikul lan mendhem jero karo wong tuwa.

Tentang sangnanang

Diriku hanya seorang hamba yang diperjalankan di malam hari. Diriku hanyalah seorang sudra, serendah-rendahnya manusia sehingga tiada satupun manusia yang sanggup dan mampu untuk merendahkan diriku. Diriku hanya seorang papa tanda punya apa-apa, sehingga diriku tiada pernah merasa kecurian dan kehilangan. Diriku hanyalah sekedar manungso tan keno kiniro, titah sewantah jalma limrah, titahing Kang Maha Endah.
Tulisan ini dipublikasikan di Tradisi Tiada Henti dan tag , , , , , . Tandai permalink.

9 Respon untuk Nyadran

  1. nonreni berkata:

    mikul duwur
    menhem jero

  2. nahdhi berkata:

    Sesuk tanggal telu nyang Gupitan kang. Jarene menurut cerita Gupitan kuwi tempat pemakaman Pangeran Candra Bumi.

  3. nahdhi berkata:

    Oya kang. Domain sudah dipindah…. PENDEKARTIDAR.ORG

  4. masoglek berkata:

    @Nahdhi weh akhirnya domain pindah juga, ayo semangat ngeblog

  5. ciwir berkata:

    nyadran ngelingake marang mati

  6. suwung berkata:

    taun iki diriku iso nyadran gak ya?

  7. Ndoro Seten berkata:

    @nonreni:
    leres non…para leluhur harus senantiasa didoakan oleh para anak cucunya

    @nahdhi:
    mbiyen jaman sekolah, nek ono acara nyadran njur mrei dab
    siiip, moga portale tambah rame…

    @masoglek:
    lha kapan sampeyan gabung kopdar mas?

    @ciwir:
    eling-eling siro menungso, urip iro ora suwe!

    @suwung:
    ya disuwun saja biar sempat nyadran to mas?

  8. ikhsan berkata:

    kemaren ga nyadran…

  9. Dontarrious berkata:

    You have shed a ray of siunshne into the forum. Thanks!

Tinggalkan Balasan

Alamat surel Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

*

Anda dapat menggunakan tag dan atribut HTML: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>