Kaji Mekoro

Sarwa Jawa 9 Comments »

KAJI DUTO MEKORO

koko1Rukun Islam kang pungkasan ya kuwi munggah kaji ing Mekah kanggoné wong kang duwé kesanggupan. Kesanggupan kuwi mau awujud kecukupan lair lan batin. Kecukupan lair nemu maksud cukup bandha kang kanggo sangu mangkat ing Mekah lan ugo tanpa nelantaraké jejibahan nyukupi nafkah marang kulawargané kang ditinggal ing ngomah. Déné kecukupan batin mengku teges wis gembleng tékat lan niaté, mandhep mantep imané, lan dilandesi ilmu nindakaké kaji kang bener.

Read the rest of this entry »

Koruptor Kampung

Sarwa Jawa 17 Comments »

 BECIK KETITIK ALA KETARA

Koruptor

Dadi wong jujur ing jaman kang ora nggenah iki pancene ora gampang. Akehe wong wis padha nekat ngalalke sakabehane cara kanggo nggayuh tujuane dhewe-dhewe. Malah ana sakperangane wong sing kandha “jujur marake ajur”. Sapa jujur bakale ora keduman apa-apa. Mula aja nggumun yen laku korupsi, nyolong dhuwite rakyat sak negara dadi laku kang ngambra-ambra ing negara iki.

Read the rest of this entry »

MENTAL KORUP

Sarwa Jawa 21 Comments »

GUPAK PULUT ORA KUMANAN NANGKANE

Bagong

Perkoro ini jane dudu dadi tanggung jawabe Bawor. Ananging merga akeh para koncone Bawor kang melu urunan dhuwit sakperlu modhal usaha bebarengan mergo bujukane Bawor, gelem ora gelem koncone padha njaluk pertanggung jawabane marang Bawor. “Edan tenanan ki, aku mung sakdermo nglantarke, e mbasan ana perkoro dhuwit sing mabur, lha kok malah aku sing entuk pulute”, mengkono batine Bawor.

Read the rest of this entry »

PITUTUR

Sarwa Jawa 14 Comments »

OJO RUMONGSO BISO!!!

GR

Saben wong urip saklumrahé mesti nduwèni kepinginan utawa cita-cita. Mbuh sing diarani cita-cita pingin dadi pejabat, tentara, pulisi, pilot, mentri, mantri, bupati lan liya-liyané, utawa sing mung pingin mangan thiwul, gathot, gethuk, lemper, klemet, utawa wajik. Ono menèh sing pingin dadi wong sugih, pinter, suksès ing penggawéan, nduwé bojo ayu nganti nduwé bojo limo.

Read the rest of this entry »

MENYAN JEPANG

Sarwa Jawa 16 Comments »

Rèflèksi Dino Kartini

Kartini’s

Mbok menawa akèh para kaum wanita kang wis lali marang anané dina Kartini, apa menèh marang labuh lan labeté sarta perjuangané kanggo ngangkat derajat wanita sakdrajat karo pria. Pancèné émansipasi wanita wis bisa, snajan mbaka saka sithik, mbukak peluang kanggo para wanita mbuktèkaké kabisané yèn ora kalah karo kaum pria.

Read the rest of this entry »


WordPress Theme & Icons by N.Design Studio. Theme pack from WPMUDEV by Incsub.
Entries RSS Comments RSS Masuk log